Peradaban
saking pulo Jawa
iku akeh ngelairke jenis kesenian-kesenian utamane kesenian tradhisional
antarane: tari Jawa,
wayang,
gamelan Jawa
lan liyane. Seliyane iku uga tumbuh jinis-jinis kesenian sing modern/anyar
utamane sing dikembangake Institut Seni Indonesia Yogyakarta
lan Institut Seni Indonesia Surakarta.
Kesenian tradhisional Jawa, utamane Jawa Tengah
lan Yogyakarta
umume tumbuh saka lingkungan kraton, yen saka Jawa Wetan
jinis-jinis keseniane umum tumbuh saka kabudayaan rakyat.
1. Jawa Wetan
Kesenian sing urip neng Jawa
Wetan iku tumbuh saka saling pengaruh antara budaya Jawa kuna lan budaya
Madura. Jinis kesenian sing misuwur saka Jawa Wetan yaiku reog lan ludruk.
2. Jawa Tengah lan Yogyakarta
Saka Jawa Tengah lan Yogyakarta
sing paling berkembang yaiku jinis-jinis kesenian tari Jawa
sing dikembangke neng lingkungan kraton, uga saiki berkembang jinis-jinis
kesenian sing luwih modern sing dikembangake ISI
Yogyakarta lan ISI Surakarta. Khusus bidang seni rupa
malah dikembangake secara khusus neng ISI Yogyakarta malah wis dibentuk dadi
Fakultas khusus seni rupa.
3. Jawa Banyumasan
Sing radha unik saka jinis-jinis
kesenian dhaerah Banyumasan iki yaiku anane pengaruh gaya Sundha neng
jinis-jinis keseniane. Jinis kesenian sing misuwur saka dhaerah Banyumasan iki
yaiku lengger
lan calung Banyumasan.
4. Kesenian anyar
Keroncong yaiku asline tembang Jawa sing
dinyanyekake kranthi dayu-dayu. Keroncong biasane disuguhake kanggo
nyenengake para tamu ing jagongan utawa pesta. Saking aluse, mulane keroncong
akeh disenengi wong tuwa tinimbang bocah enom sing luwih seneng aliran campuran.
Kethoprak kalebu salah sawijining kesenian rakyat
ing Jawa Tengah,
ananging uga bisa tinemu ing Jawa Wetan. Kethoprak wis nyawiji dadi budaya
masyarakat Jawa Tengah lan bisa ngasoraké kesenian liyané, umpamané Srandul, Emprak, lan
sakliyané.
Campursari iku
sawijining jenis tembang
cara Jawa
sing sajatine campuran saka gamelan Jawa lan piranti musik
modern.Campursari kang ngemot pirang-pirang aspek seni (sajroning lelagon pepak
banget). Katitik saka lagu kang kerep dianggo campursari bisa awujud: lagu
dolanan, langgam, macapat, tembang gedhe, sekar gendhing, bawa, umpak-umpak,
lan sanes-sanesipun. Tokoh campursari sing kondhang, yaiku Manthous
saka Gunung Kidul.Katitik
saka instrumen kang dianggo bebarengan kanthi trep, nganti kepenak dirungokake.
Gabungan instrumen kasebut diangkah supaya tinemu harmoni seni campursri.
Instrumen campursari kang kerep kanggo kayata kendhang,
demung,
gong, rebab, piano lan gitar.Lelagon campursari
mono kang baku seneng, gumyak, lan nges swasanane. Padatan campursari kerep
kanggo nglipur ing pahargyan, embuh iku mantenan, sunatan, tasyakuran lan
liya-liyane.Campursari uga asring dianggo dening pendhagel, gara-gara ing wayang kulit,
utawa wayang wong,
limbukan wayang kulit, dhagelan ing kethoprak
lan sapanunggalane.
Kenthongan utawa ing basa kasebut jidor yaiku alat kotèkan
kang digawé saka wit,
pring
utawa bahan kayu
jati kang diukir Mumpangat kenthongan bisa kanggo
pertanda utawa ing basa Indonésia kasebut alarm, kode komunikasi
jarak kang adoh, morse, piranti adzan, uga pertanda cilaka. Wujud
kenthongan kasebut kurang luwih 40cm lan dhuwur 1,5M-2M. Kenthongan asring
dipigunakake kanggo piranti komunikasi ing zaman biyen kang ana ing penduduk
kang ana ing dhaerah utawa pagunungan
/ Paredèn.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar