Sabtu, 11 Januari 2014

upacara tilar/seda

Urutan upacara tilar/seda:
1.     Surtanah
Surtanah utawa bedhah bumi iku upacara sing diselenggaraake sak bubare acara nyarèkaké layon (jenazah). Tujuané kanggo ngirim donga supaya arwah utawa roh wong kang séda iku éntuk pangapura déning Ingkang Maha Kuwasa.
Upacara surtanah iki karantam kanthi sederhana. Sing teka biasane sedulur, tangga teparo, uga ulama. Sak liyane dedonga uga bisa dibacutake nganggo acara tahlilan sing lan ngaji bebarengan.
Ora ana uleman utawa undangan khusus kanggo acara iki nanging umume tangga teparo lan sanak kadang teka sinambi nggawa bahan-bahan pangan, kayata beras, endhog, bahan kanggo njangan, gula, kopi utawa dhuwit lan liyane. Kaya mengkono mau mujudake pambiyantu lan ngentengake bot repote kulawarga sing nembe nandang sungkawa utawa kesripahan.
Inti acara surtanah lan upacara adat kesripahan liyane yaiku ndedonga, utamane sing ndonga yaiku anak-anake sing seda, sanak kadang, kanca, tangga teparo, utawa sapa wae sing gelem melu ndonga. Ora ana acara kendhurèn, yèn ana pasugatan sing disuguhaké iku mung sak anané. Bisa uga yèn kulawarga sing kesripahan pengin sodaqoh upamané nggawé panganan sing rada akèh utawa nyiapaké bèsèk kanggo diaturake sing pada rawuh, nanging bab besekan iku mau ora wajib. Sing apik lan dianjuraké malah wong liya (tangga, kanca lan liyané) nggawa bantuan kanggo kaluwarga sing kesripahan.
2.     Nelung dina
Nelung dina iku saka tembung telu lan dina. Nelung dina ateges pengetan dina kaping telu sawise wong wis mati.
3.     Mitung Dina
Mitung dina iku tegese pengetan pitung dina sawise wong wis mati. Slametan iku kanggo ngirim donga karo maca tasbih, tahmid, takbir, tahlil, lan sholawatan sing diarani tahlilan. Tegese tahlilan iku maca dzikir sing dipimpin ing kyai utawa wong sing dianggep duweni lan ngerti ilmu Islam.
4.     Matang Puluh
Upacara matang puluh iku pengetan 40 dinane wong sawise wis mati. Wujude tahlilan ngirim donga marang leluhur supaya keluargane sing wis mati bisa diwenehi panggonan ing sisihing Gusti. Keluarga padha sesarengan ziarah marang kuburan, khususe kanggo mengeti tekaning wulan Ramadhan.
5.     Nyatus
Nyatus inggih punika salah satunggaling upacara adat Jawa babagan kasedan. Nyatus utawi ugi saged dipunsebat slametan satus dinten punika dipunadani wonten ing dinten kaping satus bibar sedanipun satunggaling tiyang. Ancasipun ngawontenaken slametan punika inggih kangge nyampurnakaken sedaya ingkang asipat badan wadhag utawi jasad.

Sesajen

Sesajen ingkang dipunginakaken wonten ing slametan nyatus punika sami kaliyan sesajen ingkang dipunginakaken nalikanipun ngadani slametan patang dasa dinten. Dene sesajen ingkang dipundamel inggih punika sega wuduk, ingkung ayam, kedele, krupuk, lan sambel goreng.


6.     Pendhak pisan
Pendhak pisan menika petangan wekdal ingkang dangunipun satunggal tahun ingkang wonten ing kalender utawi tanggalan Jawi. Pendhak pisan menika salah satunggaling adicara kangge mengeti tiyang ingkang sampun sedo satunggal tahun. Adicara Pendak pisan utawi wonten ugi ingkang mastani mendhak pisan' menika taksih kathah ingkang nglampahi, mliginipun wonten ing wilayah Yogyakarta lan Jawa Tengah. Padatanipun wonten ing adicara pendhak pisan menika ngawontenaken gendurenan utawi bancakan minangka dedonga kangge ingkang sampun sedo menika. Ingkang gadhah gawe mendhak pisan padatanipun ngundang tangga teparo supados sesarengan ndedonga lan pandom bancakan.
7.     Pendhak pindho
Pendhak pindho menika pétangan wekdal ingkang dangunipun kalih tahun ingkang wonten ing kalènder utawi tanggalan Jawi. Pendhak pindho menika salah satunggaling adicara kanggé mengeti tiyang ingkang sampun sédo kalih tahun kepengker. Adicara Pendhak pindho utawi wonten ugi ingkang mastani mendhak pindho' menika taksih kathah ingkang nglampahi, mliginipun wonten ing wilayah Yogyakarta lan Jawa Tengah. Padatanipun wonten ing adicara pendhak pindho menika ngawontenaken gendurènan utawi bancakan minangka ndedonga kanggé ingkang sampun sedo menika. Ingkang kagungan damel mendhak pisan padatanipun ngundang tangga teparo supados sesarengan ndedonga lan pandom bancakan.
8.     Nyewu
Slametan iku dipengeti telung tahun sawise wong wis mati. Keluarga nganakake slametan kanggo ngirim donga marang wong sing wis mati.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar