BABAD KEDU
I. Gagaklodra Ngrabasa Masjid Tie Lieng
Sieng.
Nalika jaman kerajaan Demak ing antarané abad kaping 15, ing tlatah Kudus
ana sawijining pondhok pesantrèn dumunung ing Désa Glagahwangi. Déné kang
minangka pangarsané pondhok yaiku panjenengané Sunan Kudus. Ing wektu kuwi,
negara Majapahit wis surut kuncarané, amung kari sisa-sisaning negara kang
dumadi saka negara cilik-cilik, lan uga isih akèh kang ora seneng marang
adeging Negara Demak.
Rasa ora seneng iki disababaké saka sedyané Negara Demak anggoné
nindakaké syiar agama Islam. Salah siji saka negara iku negara Capiturang.
Masjid Tie Lie Sieng salah sawijining masjid kang digunakaké minangka papan
pasinaoné santri-santri Glagahwangi muridé Sunan Kudus. Santriné Sunan Kudus
akèh, nanging sing katon manjila ana cacah sanga.
Nuju sawijining dina, amarengi wayah subuh, kaya padatan ing saben
dinané, masjid Tie Lie Sieng kebak santri-santri kang padha nindakaké sholat
Subuh. Swasana tentrem awit kasiram adheming bun wanci bangun, dumadakan
dikagètaké déning panjeriting bakul-bakul pasar kang ora adoh saka masjid kono.
Wong-wong padha pating jlerit kamiwedèn, sabab tanpa kanyana-nyana dagangan
kang lagi wiwit ditata diosak-asik prajurit Capiturang kang dipandhégani
Gagaklodra. Solahé wong-wong pasar padha pating bilulung salang tunjang,
nylametaké awaké dhéwé-dhéwé, tanpa mikir dagangan. Kabèh padha wedi, giris
miris, meruhi tandangé Gagaklodra sawadyané kang tanpa rasa kamanungsan gawé
rurusuh jroning pasar. Santri Glagahwangi sigra prayitna ing kéwuh. Tanpa
diabani énggal ngadhepi sing gawé gègèr. Gagaklodra sawadyané dipapagaké
bebarengan. Nanging sepira ta dayané para santri Glagahwangi, mungsuh prajurit
sing asikep gagaman ampuh. Ora nganti suwé, para santri kaseser anggoné
nandhingi prajurit Capiturang. Akèh santri kang keplayu ngungsi urip, mangkono
uga santri sanga padha tinggal glanggang colong playu. Ing antarané santri
sanga iku kang dimangertèni jenengé yaiku, Sirojul Munir (Syeh Subakir), Sarif
Hidayat (Syeh Maulana Taqwim), lan Moh Gufron (Sunan Geseng).
Gagaklodra ditutaké sawatara wadyané mbledig playuné Sarif Hidayat.
Bareng tekan ng tlatah Sirandhu, Sarif Hidayat wis ora bisa ngglawat, temah
kasil kepikut déning Gagaklodra sakanca. Sarif Hidayat banjur diajar nganti
nandhang tatu arang kranjang. Sarif Hidayat wis ora bisa bangga, ing batin
nyipta bakal tumekaning pati. Ing nalika Gagaklodra sakancané padha milara
Sarif Hidayat, dumadakan ana swara tanpa rupa sing ora kasumurupan dunungé.
Swara tanpa rupa iku semu nantang marang Gagaklodra, ndadak nganggo tembang
Dhandhanggula kang uniné mangkéné.
Gagaklodra kang ngaku prajurit
Nyata sira mung anggunggung karsa
Mulasara pepadhané
Yèn nyata sira iku
Sraya king nagri Majapahit
Aja sira anggembèla (turah 1)
Adhepana ingsun
Ingsun tan bakal lumayu [a]
Hangadhepi manungsa lir sana sunu [i]
Kuru tur tanpa bayu [a]
Kaya ngapa cingaké Gagaklodra sakanca. Rasa cingak ndadèkaké rada kendho
anggoné milara Sarif Hidayat, temahan padha clingukan nggolèki sumbering swara.
Salaginé bingung sarta nilingaké kuping, tanpa kanyana-nyana ana wewayangan
sarwa putih kumlébat nyaut Sarif Hidayat sing wis tanpa daya. Sakedhèping
mripat wewayangan putih iku musna bareng lan ilanging Sarif Hidayat saka papan
kono.
Sapa ta sejatiné kang nylametaké Sarif Hidayat? Pawongan iku ora liya
Kyai Kasan Besari, uga kang kerep disebut Ki Jénggot Putih. Sayektiné Ki
Jénggot Putih wis sawatara suwé anggoné ngulataké lakuné Gagaklodra sakanca.
Mula, nalika Sarif Hidayat sajak bakal kena ing pati, tumuli awèh pitulungan.
Sarif Hidayat dipanggul Ki Jénggot Putih, digawa tumuju mring Padhepokan
Argaluwih.
Argaluwih kuwi padhepokané Syèh Maulana Garibhi. Ya panjenengané iki sing
uga sinebut Ki Ageng Hardapikukuh. Syèh Maulana Garibhi duwé anak wadon aran
Sri Lintang Kedhaton utawa Siti Amariyah Ambariyah, déné asmané Cina Lie Gio
Nio.
Ing Padhepokan Argaluwih, Sarif Hidayat diupakara nganti waras.
Ya Sri
Lintang Kedhaton iku kang kanthi tlatèn ngupakara Sarif Hidayat nganti waras.
Apa kebutuhané Sarif Hidayat tansah dicukupi Sri Lintang Kedhaton. Sarèhné
Sarif Hidayat lan Sri Lintang Kedhaton iku padha-padha bocah kang nedheng
brahi, mula nora mokal yèn suwéning suwé leloroné kataman rasa asmara. Ki
Jénggot Putih tanggap marang glagating bocah, mula tumuli matur marang Syèh
Maulana Garibhi supaya bocahh loro iku didhaupaké. Syèh Maulana Garibhi ora
kabotan. Sawisé nemtokaké dina kang prayoga, Sarif Hidayat lan Sri Lintang
Kedhaton dinikahaké. Kanggo mbuwang tilas lan supaya ora konangan Gagaklodra
sawadyané, Sarif Hidayat banjur ganti jeneng Jaka Teguh.
II. Dumadiné Sukoreja
Ing sawijining wanci, Syeh Maulana Garibhi ngarsakaké nggelar kataman.
Ing kono Syeh Maulana Garibhi kapareng jumeneng ing sangarepé para santri,
sarta paring pangandikan. Wusananing pangandikan, Syèh Maulana Garibhi paring
jeneng jeneng wewengkon kono sinebuta Desa Sukorejo, awit wis klakon bisa gawé
suka lan gambiraning para kawula padésan. Wektu kuwi marengi ing dina Kemis
Pahing tahun 1386 B/M.
Jroning pahargyan kataman kuwi Ki Jenggot Putih uga melu anekseni. Saparipurnaning
kataman, Ki Jenggot Putih kapareng pamit bakal nerusaké tindaké. Sadurungé
pamitan, Ki Jénggot Putih paring pitungkas marang Jaka Teguh supaya nggolèki
Kanjeng Sunan Kalijaga, ing pamrih antuka pituduh nggoné bakal nindakaké syiar
agama Islam.
III. Jaka Teguh Dadi Nukibah ing Kedu
Ing saben-saben Jaka Teguh tansah kèlingan marang apa kang dadi dhawuhé
Ki Jénggot Putih ya Kasan Besari. Luwih-luwih yèn pinuju wanci bengi, apa kang
dingendikaké Ki Jénggot Putih isih keprungu cetha nèng talingan, “Jaka Teguh,
sira darbé sesanggeman kang abot. Sanadyan jejibahan iki ora kena sinangga
ènthèng, nanging pakaryan iki mujudaké pakaryan kang suci. Wujuding jejibahan
gedhé iki, yaiku sira kudu mèlu cawé-cawé lan nyengkuyung sumebaré agama Islam
ing Tanah Jawa. Amung, sadurungé sira miwiti pakaryan agung iki, luwih dhisik
sira nyuwuna pangèstu marang Kanjeng Sunan Kalijaga.”
Pangandikané Ki Kasan Besari kuwi, ing saben dina dirasakaké nganti
rumasuk jroning sanubari. Jaka Teguh dadi tansah gorèh. Yèn mituhu dhawuhing
guru, ateges kudu ninggal garwa. Mangka durung suwé nggoné dhaup, malah saiki
garwané wis nggarbini patang sasi. Yèn mung tansah ana Padhepokan waé, gèk ya
piyé. Sawisé dilimbang-limbang sawatara dina, Jaka Teguh tumuli mrentul tékadé.
Tékad kang dilandhesi karep kang kuwat. Dadi tansaya golong gilig tekadé Jaka
Teguh, bakal mituhu dhawuhé Sang Guru kanthi gelenging kalbu.
Ing sawijining dina kang dirasa prayoga, Jaka Teguh ngadhep marang
marasepuh. Kanthi kebak ing trapsila, Jaka Teguh ngaturaké kabèh kang dadi
gémbolaning ati. Krungu aturé Jaka Teguh, Syèh Mulana Garibhi ora kabotan,
malah paring panyengkuyung. Semono uga Sri Lintang Kedhaton, sanadyan abot
rasané yèn tininggal ing bojo, nanging karana tindaké kang garwa iku nyangkul
jejibahan luhur, sanadyan abota kaya ngapa, ya kudu nglilakaké lungané garwa.
Sawisé tata-tata sawetara Jaka Teguh tumuli pamitan budhal. Kaya ngapa sedhihé
kang garwa kang tinilar ing kakung.
Tindaké Jaka Teguh ing wanci bangun ésuk sabubaré nindakaké shalat Subuh.
Tindaké didhèrèkaké Bah Gedruk lan Bah Beo. Lakuné mangétan. Jroning lumaku
akèh pangrencana ing dalan, nanging kabèh panggodha bisa disingkiraké awit saka
kandeling tékad.
Satekané ing gumuk Slandhakan tanpa kanyana-nyana kaprungu swara
panggeroning macan mecah sepining swasana. Swarané nggegirisi agawé mirising
ati. Jaka Teguh wedi lan dadi cilik atiné. Ora ngerti kuwi swara apa. Saking
wediné nuli lungguh semedi supaya bisa sarèh rasané, lan nyunyuwun pangwasaning
Gusti supaya diparingi pituduh murih kaslametané wong telu. Bah Gedruk lan Bah
Beo kamigilan, saya manèh papan kono adhemé njekut awit isih klebu wewengkon
pèrenging Gunung Sumbing. Ora suwé Jaka Teguh unjal napas sarta angandika, “Ki
sanak yèn kowé bakal tegel mangsa aku sakanca, saiki uga mung pasrah. Nanging
yèn kowé arep njaluk tulung nggerenga manèh kaping telu.”
Ora suwé keprungu swara nggereng kaping telu, lan dumadakan ing sangarepé
Jaka Teguh ana wewujudan macan ireng kang kejepit watu, tur ta isih ketambahan
kebrukan wit Jalu. Ndulu kahanané macan iki Jaka Teguh dadi welas atiné.
Énggal-énggal Jaka Teguh awèh pitulungan sarana ngetogaké mantra ngèlmu
paringané Ki Jénggot Putih. Kena dayaning mantra, wit Jalu kang sakawit
ngebruki awaké macan bisa ngadeg jejeg manèh kaya-kaya ana kekuwatan gedhé kang
ngedegaké. Wekasan macan ireng bisa luwar saka panandang. Anèh, sawisé luwar
saka panandhang macan kuwi lon-lonan nyedhaki Jaka Teguh. Kaya-kaya bisa tata
jalma, macan kuwi ngaturaké panuwun marang Jaka Teguh. Kanggo pangéling-éling
lelakon kuwi, déning Jaka Teguh papan kono dijenengaké Désa Cepit, awit ana
kedadéyan macan kejepit ing watu.
Ésuké, teteluné mbacutaké laku mudhun gunung. Kang sakawit mlaku ngétan,
saiki mlaku ngalor. Satekané Desa Mbalong, ing kono ana wit Pakis Taji lan
sumber banyu bening kang prayoga kanggo reresik awak. Pawongan telu tumuli
padha adus. Wah, méndah segeré, dhasar pirang-pirang dina awak ora kambon
banyu. Kapinujon ing cedhak papan kono ana watu gedhé kang ayomi wit Garu kang
banget ngrembuyung. Jaka Teguh lèyèh-lèyèh ing ngisoring wit Garu mau sinambi
ngenam-enam pikiran. Lagi énak-énak ngasokaké awak, dumadakan tanpa
sangkan-sangkan ana pawongan nganggo sarwa wulung, jubahé wulung lan uga
nganggo iket wulung nyedhaki Jaka Teguh sakanca. Ora susah ndadak nganggo diabani
wong telu bebarengan mbagèkaké pawongan nyalawadi mau kanthi salam bebarengan.
“Assalamualaikum”.
“Waalaikum salam.” Si Jubah Wulung paring wangsulan, swarané kebak ing
pangaribawa, nuli banjur ngandika,
“Nggèr, rak wis dha mari ta keselmu. Wis, saiki ayo babarengan nindakaké
shalat Dhuhur.” Dhasaré wanci ya wis keprungu swarané azan. Sawisé shalat si
Jubah Wulung takon marang Jaka Teguh,
“Apa sira lagi nggolèki aku?” Kanthi gugup Jaka Teguh mangsuli
“Inggih.”
“Yèn ngono, wis ayo padha ndhèrèka aku.”
Pawongan papat mlaku bebarengan. Jubah Wulung ana ngarep nunggang jaran
ireng, Jaka Teguh nitih jaran abang. Jan katon gagah dhasaré bagus pasuryané,
semono uga Bah Béo lan Bah Gedruk uga tansah tut wuri. Jaka Teguh ora
mangertèni papan kang bakal dituju iki mengko ana ngendi. Ngerti-ngertiné
bareng wis tekan Padhepokan Bagelèn Purworeja. Ing kono wis ana Ki Cakrajaya
lan Ki Ageng Geseng.
Jubah Wulung kang sayektiné yaiku Sunan Kalijaga, bebarengan lan Ki
Cakrajaya, Ki Ageng Geseng, lan Jaka Teguh ngrembug anggoné bakal nindakaké
syiar agama Islam. Anggoné imbal pangandikan nganti sewengi muput. Jroning
patemon mau ngasilaké putusan, yaiku: Ki Cakrajaya supaya dadi nukibah ing
Bagelèn, Ki Ageng Geseng dadi nukibah ing Loano ngiras pantes dadi imam jumeneng
Sunan Geseng, Jaka Teguh dadi nukibah ing Kedu jumeneng Ki Ageng Kedu utawa
Syeh Maulana Taqwim. Sawisé ngedum pakaryan tumuli padha sesowangan laku.
Kanjeng Sunan Kalijaga dhéwé banjur jengkar nerusaké laku.
IV. Ing Balongan, Parakan
Jroning patemon ing Padhepokan Bagelèn, Kanjeng Sunan Kalijaga paring
wewarah, supaya jroning padha nindakaké jejibahan syiar agama Islam, luwih
dhisik diwiwiti kanthi cara mulang tetanèn marang wong-wong padésan. Sabab
wektu kuwi isih akèh wong-wong samin, sarta isih padha ngrasuk agama lawas
yaiku Hindhu lan Buda. Lan isih akèh wewarahé Kanjeng Sunan Kalijaga. Kanthi
pituduhé Kanjeng Sunan Kalijaga mau, Jaka Teguh dadi saya mantep atiné nggoné
bakal ngayahi pakaryan. Jaka Teguh kajibah syiar agama Islam ing tlatah Gunung
Sumbing lan Sindoro kanthi tetenger asma Ki Ageng Kedu ya Syeh Maulana Taqwim.
Ki Ageng Kedu tumuli lumaku tumuju Kedu, Bah Beo lan Bah Gedruk tansah
ndhèrèk. Teteluné numpak jaran. Satekané ing Mbéngkal teteluné lèrèn. Dumadakan
ana sawijining nom-noman nunggang jaran, lakuné dibandhangaké. Bareng lakuning
jaran wis rada cerak Bah Gedruk nyoba ngendhegaké lakuné nom-noman kuwi. Sajaké
nom-noman kuwi nduwèni watak kongas, ketitik lakuning jaran ora dipekak, malah
kepara dibandhangaké. Ki Ageng Kedu pirsa sarta tanggap ing grahita, mula sigra
amatek mantra nedya gawé pémut marang nom-noman kuwi. Kena dayaning mantra,
playuné jaran kang sakawit mangulon, cengkélak bali mangétan. Tekan sangareping
Ki Ageng Kedu, tanpa dipekak jaran mandheg. Nom-noman kuwi rumangsa isin, sabab
ora nggapé marang Ki Ageng Kedu. Kanthi praupan ndhingkluk nom-noman kuwi
tumuli mudhun saka gegering jaran. Sawisé wis padha satata Ki Ageng Kedu ndangu
marang nom-noman mau,
“Sira kuwi sapa, asalmu saka ngendi, lan perlu ngapa? Déné numpak jaran
sajak kesusu, playuné nganti kaya angin.”
Nom-noman mau wangsulan, “Kula pun Bramanti, utusanipun Sunan Kudus. Kula
dipun dhawuhi Kanjeng Sunan supados ngupadi santri saking Demak Bintara ingkang
nembé syiar Agami Islam ing tlatah Kedu mriki.”
“Kalamun kowé ngupadi santri saka Demak Bintara, ya aku iki wongé.” Ki
Ageng blaka.
Bramanti ndlongop semu ora percaya, “Manawi kapareng kula nyuwun tandha
bukti, bilih panjenengan punika santri saking Demak Bintara.” Ki Ageng banjur
miyak jubah agemané, lan nuduhaké timang kang diagem marang Bramanti. Timang
kuwi sayekti tandha cihna santri saka kraton Demak.
Rada sawatara Bramanti ngiling-ilingi timang kuwi, “Manawi makaten leres,
panjenengan ingkang kula upadi.” Bramanti gambira bareng weruh timang kang
diagem Ki Ageng Kedu jumbuh kalawan apa kang didhawuhaké Sunan Kudus. Bramanti
banjur mbacutaké atur, “Kula dipun utus Sunan Kudus kapurih masrahaken barang
punika.” Bramanti ngaturaké buntelan sing isiné sabuk cindhé. Ki Ageng nampani
buntelan iku, sabuk cindhé tumuli diagem. Bareng wis diagem, wujudé sabuk
cindhé katon selaras lan timangan. Kahanan iki kerep sinebut ‘cindhélaras’.
Sanadyan amung wujud sabuk lan timangan, barang iku darbé daya linuwih. Daya
panguwasané sabuk cindhé kang selaras lan timangan, ora gampang soring ajurit.
Santri Demak kang diparingi barang kasebut ana cacah sanga. Saliyané kuwi Ki
Ageng uga diparingi wiji pari lan mbako supayu tinandur ing tlatah Kedu, awit
ya mung bumi kono kang bisa tinanduran.
Sawise imbal pangandikan sawatara Ki Ageng mbacutaké laku. Bramanti ora
bali ing Demak, malah mèlu Ki Ageng Kedu. Tekan ing désa Pendang Ki Ageng Kedu
kersa mapan ana kono ing omah kang sarwa prasaja. Ki Ageng Kedu tumuli miwiti
syiar agama.
Winih pari saka Bramanti mau aran Rajalélé lan Cempa. Déné mbako utawa
tembakau nganti saiki sok disebut tambaku. Suwéning suwé tlatah kono dadi
subur. Ki Ageng Kedu uga ingon-ingon bangsaning iwèn. Salah siji klangenané
yaiku pitik jago ulesé ireng mulus. Yèn diedu tarungé pilih tandhing, prasasat
ora ana kang bisa ngalahaké.
Ana ing Pendang nganti sawatara wektu. Ing sawijining dina Ki Ageng Kedu
kèlingan marang garwané kang ditinggal ing Padhepokan Argaluwih, kamangka
nalika ditinggal kaé lagi nggarbini watara umur patang sasi. Ki Ageng Kedu
tuwuh rasa kangené. Mula banjur kondur ing Padhepokan Argaluwih didhèrèkaké Bah
Beo mring Argaluwih, déné Bah Gedruk tunggu omah.
Bramanti ora bali ing Demak, nanging nyuwita marang Ki Ageng Kedu.
Bramanti nggarap lemah ing tlatah Balongan mangétan, kabèh ditanduri pari Cempa
lan Rajalélé. Bramanti uga kepareng yasa masjid, banjur salin asma Ki Ageng
Parak. Nganti séda Ki Ageng Parak banjur disarèkaké sakuloning masjid. Déné
papan kono saiki dadi kutha kang sinebut Parakan.
V. Garung
Duk nalika jaman (……..) ing antarané tahun (……..), wewengkon Garung
maksih wujud alas gung liwang-liwung kang kebak ing ri bandhil bobondhotan.
Para kawula kang padha mapan ing sakiwa-tengené alas Garung racak-racak durung
andarbéni kapinteran kang mirunggan kanggo olah tetanèn. Kanggo nyukupi
kabutuhan urip saben dinané, padha mbebedhag buron alas kang pancèn cacahé
tanpa wilangan. Kahanan iki kabèh wus kapirsan déning Ki Ageng Makukuhan.
Miturut pamawasé, tlatah Garung sayektiné trep banget kalamun kinarya tandur
pari. Awit lemah Garung kuwi klebu lemah kang subur, tur ta ana sumber kang
banyuné ajeg mili mintir tan ana kendhaté, sajaké prayoga yèn kanggo ngoncori
pesawahan.
Ki Ageng Makukuhan, sawisé nglilimbang sawatara dina tumuli lon-lonan
ngendikaké penggalihané iki marang wong-wong ing Garung. Ora gantalan wektu,
wus akèh pawongan kang padha nyengkuyung karsané Ki Ageng Makukuhan. Pakaryan
gedhé tumuli diwiwiti. Babat alas kinarya pesawahan. Gedhé cilik, tuwa enom,
tumandang bareng ngayahi karya. Sing lanang padha nyekel gaman kinarya mbabati
glagah alang-alang lan ri bandhil bebondhotan. Déné para wadon olah pangan,
nggodhog téla nggarut lan nggayong.
Anggoné babat alas dilakoni nganti pirang-pirang dina lawasé. Awit saka
kawasisané Ki Ageng nggoné ngrengkuh para kawula, pakaryan abot bisa rampung.
Pesawahan kang bawéra iku nuli tinanduran (pari) .
Ing saben-saben nindakaké pakaryan iki mau, ing wanci ngaso kabèh kang
makarya padha lèyèh-lèyèh sinambi mangan rangsuman olahaning para wadon.
Mawarna-warna solahé. Ana kang disambi jagongan ngrembug asiling pakaryan, ana
kang turon sèndhèn wit-witan gedhé tur ayom.
Kawula wewengkon Garung maksih padha ngrasuk agama Hindu Budha. Amung
kepiyé mungguh cara lan adaté agama kuwi nalika samana durung kinawruhan kanthi
cetha. Anané padha ngrasuk agama Hindu Budha bisa dimangertèni awit jaman iku
kalebu jaman Majapahit pungkasan. Dadi isih akèh tabet-tabet kapercayan saka
Kerajaan gedhé iku.
Carané Ki Ageng nindakaké syiar agama Islam
Makukuhan kuwi sawijining pawongan kang sugih akal. Piyambaké mangerti
yèn kawula ing Garung darbé kapercayan marang agama Hindu Budha. Tur ta
prasasat kabèh durung ngawruhi marang agama Islam. Mula anggoné nindakaké syiar
Makukuhan kanthi cara olah tetanèn. Pakaryan babat alas lan miwiti tandur
sepisanan mujudaké pakaryan kang kena sinangga ènthèng. Pakaryan iku saliyané
mbutuhaké tenaga bahu uga butuh pétung kang njlimet. Mula nalika kawula Garung
bebarengan ngayahi karya, ing wanci ngaso padha katon anggoné sayah. Ing satengahing
swasana mangkono iku Ki Ageng nyedhaki sawijining pawongan takon kanthi ulat
kang sumeh, “Paman, ngendi dunungé banyu kang bening? Paman.”
Pawongan kang tinakonan wangsulan, “Radi tebih saking papan ngriki wonten
pancuran ageng ingkang toyanipun wening, mangga kula dhèrèkaken Ki Ageng.”
Ki Ageng nuli tindak ngupadi dunungé banyu kuwi, didhèrèkaké sawetara
pawongan. Tekan papaning banyu Ki Ageng énggal nindakaké wudlu. Solahé sarwa
sarèh, ing pamrih supaya digatèkaké sing padha ndhèrèkaké. Rampung wudlu,
tumuli bali ing papan sakawit. Ki Ageng tetanya manèh ing ngendi pernahé kéblat
Kulon. Para kawula Garung saur manuk nggoné wangsulan sarwi anuding tudhuh
arah, “mrika, Ki Ageng.” Ki Ageng lon-lonan nglukar jubah, jinèrèng ing
sangarepé nggoné jumeneng, tumuli miwiti shalat Luhur nganti rampung. Wong-wong
padha nggatèkaké apa kang lagi ditindaké Ki Ageng. Akèh kang padha nggumun, Ki
Ageng kuwi lagi perlu apa?
Ki Ageng mangertèni yèn tansah dadi kawigatèné para wong-wong mau,
nanging api-api ora pirsa. Sawisé rampung anggoné nindakaké shalat, Ki Ageng
banjur ndongèng lelakoné para nabi anggoné olah tetanèn. Kaya ta caritané Nabi
Yusup kang nandur gandum. Sajroning olah tetanèn Nabi Yusup ora lali tansah
nindakaké shalat, kang perluné manembah lan nyuwun marang Gusti Allah supaya
tandurané bisa subur lan kinalisaké saka aa tanduran. Akèh para tani kang padha
kepranan marang dongèngé Ki Ageng, kang ya pinter crita. Mula wong-wong
Garung sithik mbaka sithik tumuli nulad apa kang ditindakaké Ki Ageng. Temahan
suwéning suwé kawula ing Garung padha ngrasuk agama Islam.
Dadi kaya mangkono kuwi carané Ki Ageng anggoné syiar Agama Islam luwih
dhisik ngagem cara mulang carané olah tetanèn. Kabèh ditindakaké kanthi
lon-lonan manut kadiwasaning kawula. Sawisé sawatara sasi nggoné wong-wong
Garung ngolah tetanèn wiwit katon asilé. Apa kang tinandur thukul subur.
Kahanan iki saya amimbuhi rasa tresna tumrap wong Garung lawan Ki Ageng kang
wus paring kawruh tetanèn. Mula wong-wong Garung tansah ngagungaké Ki Ageng.
Ki Ageng Makukuhan cinegat grombolan Branjang
Alas
Ki Ageng wus kalampahan ngislamaké Garung. Sawisé sawatara dudunung ing
Garung Ki Ageng nuli nerusaké laku. Tindaké didhèrekaké Ki Beo. Nalika tindaké
tekan Kabuk, dumadakan ana grombolan kang kondhang kawengasané ing wewengkon
kono. Grombolan iki wataké kejem lan ora wegah gawé papati. Tetuwaning
grombolan aran Branjang Alas. Kabèh andhahané Brangjang Alas racak-racak
praènané serem.
Branjang Alas nggetak kanthi swara sora supaya Ki Ageng mudhun saka
gigiring kuda. Nanging Ki Ageng ora kersa mudhun, sadurungé gelem mangsuli
pitakonan. Branjang Alas saya nesu. Wekasan Ki Beo mudhun saka tumpakan lan
genti nantang Branjang Alas. Ora suwé Ki Beo gelut mungsuh Branjang Alas.
Jroning perang kuwi Branjang Alas mati. Weruh tutuwané mati, para andhahan
padha mlayu salang tunjang ngungsi urip. Branjang Alas dikubur ing Kabuk kono.
Ki Ageng mbacutaké tindak tumuju Tlahap. Tekan dalan péngkolan tindaké di
adang sawatara nom-noman kang ora seneng marang Ki Ageng. Ngadhepi kedadéan iki
Ki Ageng malah nyapa kanthi ulat manis marang para nom-noman iku. Kanthi nuding
salah siji kang awaké katon santosa, Ki Ageng paring sasmita. Nanging nom-noman
kuwi malah lon-lonan nyedhak banjur nyuwun pangapura. Sabanjuré kanca-kancané
uga mèlu nyuwun ngapura.
Ki Ageng Kedu & Sam Po Kong
KiAgeng kalakon kanthi sukses syiar agama srana olah tani mbako lan
pari, mliginé pari cempa lan rajalélé ing Mbalongan. Datan suwe kabar Ki Ageng
lumembar saindenging kadipaten, nganti tekan ing Kudus. Nalika samana Sunan
Kudus kang nyekel panguwasa. Sunan Kudus kuwi wong kang sekti mandraguna. Sunan
Kudus karsa nimbali Ki Ageng (Ma Kuw Kwan) supaya atur palapuran mring benering
pawarta sawusé dadi naubah ing Kedu. Karana Ki Ageng rumangsa purwané dadi santri
Kudus mula nedya sowan.
Ki Ageng tindak pribadi tanpa kanthi kaya adaté, mung ngasta pitik jago
ireng mulus klangenané. Ing batin jago kuwi nedya didu klawan jagoné Sunan
Kudus, awit Ki Ageng ya wis pirsa yèn Kudus uga remen adu jago. Ki Ageng tindak
tanpa tunggangan, mabur. Kasekten kuwi paringané Ki Jenggot Putih lan Sunan
Kalijaga. Patrapé kang mangkono sayektiné mung nedya pamèr.
Ing ing pendapa masjid ana patemon, ing antarané ponakané Sam po kang
aran Te Lieng Sieng lan para santri. Ki Ageng prapta papan kono, mabur ngubengi
masjid. Weruh patrapé Ki Ageng, Sunan Kudus duka. Sigra dhawuh salah siji
santri kinèn nyawat tampah. Bareng Ki Ageng disawat tampah, Ki Ageng malah
nitihi tampah kasebut. Kocapa Sam Po kobong atiné, nuli njupuk krikil kasawataké
ngenani Ki Ageng. Klakon dhawah kalenggak, kecemplung ing pecerèn kang jember.
Jubah kebak blethok. Ki Ageng banget lingsem. Papan kono saiki dadi pasar
Jember, saka tembung papan jember. Ora adoh saka menara Kudus.
Kedadéyan Ki Ageng mabur dadi kembang lambé kawula sakiwa tengen kono. Ki
Ageng banjur mapan ing Desa Gribik. Nalika samana mireng warta yen ing Desa
Glagahwangi ana adu pitik jago. Purnané adon-adon, jago Ki Ageng kasil
ngalahaké Jago Sunan Kudus. Ya saka kalangan adu jago, asmané Ki Ageng kawentar
manèh, malah antuk putri RA Sulasmi. Pangandikané Sunan Kudus, “Saiki sira
nerusna anggonmu syiar agama ing Kedu, lan sira tak jodhokaké kalawan RA
Sulasmi. Muga-muga kabèh lalakon iki ana hikmahé.” Kalawan RA Sulasmi patutan
4, yaiku: 1. R. Hasan Dhadhungawuk, 2. R. Hasan Munadi, 3. Rr. Sulastri, lan 4.
R. Hasan Nyatnyano.
Wafatnya Ki Ageng Kedu di Ddesa Kedu ternyata oleh pengikut dan
murid-murid Ki Ageng Kedu di wilayah pegunungan Sumbing Sindoro menjadi rebutan
mau dimakamkan di puncak Sumbing dan puncak Sindoro yang terjadi di sungai
Goleh perbatasan antara Sumbing Sindoro dan ditengahi oleh Ki Ageng Bagelen.
Perebutan inipun ternyata dimenangkan oleh murid-murid wilayah Sumbing.
Pemakamanpun dilaksanakan murid-murid Ki Ageng Kedu di puncak Sumbing.
Perjalanan dari Kedu ke puncak Sumbing ini melewati daertah Desa Ndelok dan
para rombongan ini beristirahat di sebelah Ndelok untuk minum menghilangkan
haus, dan dinamakan Ndayan. Setelah istirahat para rombongan meneruskan
perjalanan menuju puncak Sumbing sampai pada suatu tempat rombongan ini ada
yang ingin buang air besar, dan di tempat ini sekarang dinamakan Pablengan. Di
desa Cepit pager gunung merekapun juga melaksanakan sembahyang dan tempat
sembahyang tersebut dinamakan Keramat di desa dukuh Wonosari. Sampai pada suatu
tempat rombongan pembawaa jenasah Ki Ageng Kedu beristurahat dan memutuskan
untuk memakamkan di punggung puncak Sumbing, tapi dengaan kekuasaan Allah
akhirnya lubang yang sudah dibuat oleh rombongan pembawaa jenasah tidak jadi tempat
untuk pemakaman Ki Ageng Kedu. Tempat inipun sampai sekarang karena kekuasaan
Allah siapa saja yang bisa masuk ke daklam lubang ini menjadi sakti dan akan
mempunyai kesaktian yang tiada tara. Perjalanan berlanjut ke puncak Sumbing
melewati watu lawang dan berakhir pada laut pasir yang menjadi tempat
peristirahatan rombongan, tetapi karena terlalu lelah akhirnya merekapun
tertidur. Setelah bangun dari tidur mereka terkejut karena jenasah Ki Ageng
Kedu sudah tidak ada, Ki Ageng Kedu hilang ditelan puncak Sumbing
Tidak ada komentar:
Posting Komentar