Kamis, 19 Desember 2013

Bahan Bakar Minyak Mundhak,Masyarakat Khuwatir





Bahan bakar wis di gunaake wiwit biyen,lan isih komoditas penting sakwise di temukkake mesin bakar jero. Bahan Bakar Minyak (BBM) minangka dadi keperluan kang penting dening masyarakat.
Ing Indonesia, rega saka bahan bakar wis tambah amarga alasan yèn pemerintah ngersakaken kanggo nyuda tunjangan. Ing tujuan pengirangan kanggo dana sadurunge digunakake kanggo tunjangan bisa di gunaaken kanggo liyane kaya pendidikan lan fasilitas pembangunan sakliyane iku pemerintah uga jaga-jaga amarga cadangan lenga sing arep entek ing Indonesia.Nanging akeh masyarakat kang ora setuju menawi rego BBM mundhak,amarga bisa gawe kebutuhan sedina-dina kaya sembako,listrik,biaya saliya- liyane melu mundak,samenika masyarakat cilik bisa kangelan kanggo nyukupi kebutuhan sadina-dina.Apamaneh arep ngadepi wulan Pasa  iki kebutuhan san saya larang isa gawe gembore rakyat Indonesia.
Akibat BBM mundhak yaiku nunjukna yen pamerentah iku ora isa ngopeni Negara kang cara hukum lan politik” Ngendikane Presiden ing Konfederasi Serikat Buruh Sejahtera Indonesia (KBSI) Mudhofir. Amarga iku KBSI nolak rencana pamerentah mundhakaken rega bahan bakar minyak.Kabeh masyarakat uga di kandani supaya medun ing dalan bareng-bareng nolak rencana pamerentah ngundhakna BBM, lan para buruh ngadakno demo utawa unjuk rasa kanggo pamerentah supaya ora mundhakna BBM ing ngarep gedung DPR,ngarep Istana,ing dalan-dalan nganti polisi kang akeh kuwalahen ngendalikna para pendemo utawa unjukrasa . Amarga saben ana mundhake rega kang dadi masalah sebenere yaiku ,mundhake ora di iringi kanthi mundake bayaran kanggo para buruh.Amarga iku, kita masyarakat krasa kabotan lan kudu nyesuwekna kanti alokasi bayaran kang di entuk kanggo nglengkapi kebutuhan pokok lan nyusun rencana keuangan.
Sebenere pemerentah ora seneng rega BBM. Pemerintah tau di elek-elek amarga mundhake rega BBM.Kabeh presiden wis tau ngrasakna sengsara amarga kudu ngundakna rega BBM.Presiden wingi lan Presiden saiki,uga Prsiden sok taun ngarep.Pamerentah ngundakno BBM amarga Penjaluke BBM saya suwe saya akeh amarga saben wong nduweni kendaraan dewe-dewe,biasane sak omah wae duwe kendaraan dewe nganti 5 mobil durung meneh angkutan umum lan sepeda motor ambutuhke BBM akeh.
Pemerintah gawe kebijakan ngundhakna bahan bakar minyak (BBM) supaya masyarakat bisa ngurangi kendaraan Pribadi lan matesi panjaluke BBM saiki kang akeh di perlukna masyarakat. Kejaba iku uga ngurangi kemacetan,ngurangi populasi udara kang wis akeh rusak.
Sadurunge pemerintah resmi ngumumna mundhake rega BBM,wong dodol bensin eceran malah ngundakno rego bensin dagangane disik. Salah sijine Erna pedagang bensin eceran ing kawasan Kuningan Jakarta Kidul,deweke ngakoni ngundakno bensin saka 6000 dadi 7000 pen saben liter lan isih akeh wong kang nakal liyane.

Wis reti kaya ngunu isih akeh wong tuku kayata kendaraan motor. Wong dodol ngarep-arep karo pemerintah supaya BBM subsidi ora mundhak akeh saengga pelanggan eceran ora tuku langsung ing POM lan pungkasane BBM wis di resmikna mundhak marang Mentri Koordinator Perekonomian Hatta Rajasa kang kawiwit tanggal 22 juni 2013 rega BBM subsidi jenis Premium dadi 6500 sabe liter lan Solar dadi 5500 saben liter.
Rega BBM kang mundhak,jumlah panjalukan isih akeh lan PT Pertamina (pesero)ngakoni ora kabotan nambah pasoka BBM subsdi kanti cara impor,meski cara iku bakal nambah piutang pemerintah marang perusahaan kang saiki wis 25 triliun.Direktur pemasaran lan niaga Pertamina Hanung budiya piutang Negara mau saka kegiatan penyaluran BBM subsidi ing masyarakat.meski duwet triliunan iku during ing tangane perseroan,Pertamina jamin oprasional pabrik ora keganggu.
Ana kaitane perlindungan warga miskin,Kepala Barppenas Armida Alisjahbana Omong ono loro kelompok program yaiku kerikatan lan akehe perlindungan social awujud bantuan siswa miskin,Program keluarga harapan lan subsidi beras miskin.Program iki kanggo ngamanna jangka dhawa kanggo medot rante kemiskinan saehingga rakyat miskin isa ngakses kesehatan lan pendidikan.
Lan Program kang kapeng loro yaiku Program kusus kang sifate sedelok arupa bantuan langsung sementara masyarakat (BLSM) lan program Isfrastruktur dasar,semestine saka mundhake bahan bakar minyak (BBM) iki isa gawe masyarakat luwih Kreatif ing jalani urip lan ngatur duwit kango kebutuhan urip iki.



Referensi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar