Rabu, 04 Desember 2013

kumpulan Geguritan (puisi jawa)


A. GEGURITAN
 
Puisi Jawa  sing biasa diarani geguritan kaperang dadi loro yaiku :
1.   Puisi Jawa Tradisional, sing umume arupa tembang.
Puisi iki ditembangake miturut lagu-lagu khusus, nganggo piranti gamelan utawa tanpa gamelan. Puisi Jawa Tradisional ora bisa dipisahake kalawan tembang.
Puisi tradhisional kang awujud tembang jawa akeh banget jinisi lan kaperang dadi telung perangan gedhe :
a)       Puisi tembang macapat (puisi tembang cilik)
Sing kalebu ana tembang macapat yaiku Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dandhanggula.
b)  Puisi tembang tengahan (tembang dhagelan)
Sing kalebu ana tembang tengahan yaiku : Megatruh (Dudukwuluh), Gambuh, Wirangrong, Balabak, lan Juru Demung.
c)  Puisi tembang gedhe (kawi)
Sing kalebu tembang gedhe yaiku Girisa

2.    Puisi Jawa Modern diarani geguritan.
Gandheng geguritan kuwi kalebu puisi jawa sing isih anyar  (antarane tahun 1926) jinising puisi iki durung bisa katampa bebrayan ana ing masyarakat, rikala semono. Luwih-luwih golongan kasepuhan. Mula saka kuwi geguritan iki nalika semana ora dilebokake ana sajroning pasinaonan sastra Jawa ing sekolah.
Geguritan kaping pisanan ana ing kalawarti lan ariwarti Kejawen (pisanan thukul tahun 1926 ing Jakarta), Panjebar Semangat (thukul pisanan September 1933 ing  Surabaya), Jaya Baya (September 1945 ing Kediri), Panji Pustaka (1923 ing Jakarta, lan wiwit tahun 1943 nduweni lembaran khusus basa Jawa), Api Merdeka (1945 ing Yogyakarta) lan sapanunggalane.
Paraperintis geguritan iki padha berjuang amrih geguritan iki diakoni lan bisa mlebu ana pasinaonan kasusastran Jawa. Asile, Subagiyo Ilham Notodijoyo nyoba ngumpulake geguritan sing sumebar ana kalawarti lan ariwarti dadi buku kang judhule  Rerumpakan (nyanyian). Ananging, naskah iki ana sajroning revolusi ilang. Semana uga kumpulan geguritane dhewe kang mawa irah-irahan Geguritan uga ilang.
Para perintis geguritan liyane, yaiku :R. Intoyo, Nirmala, Niniek I. N, Khairul Anam, Joko Mulyadi, R. Sumanto Ampel, Purwadhi, lsp.
Saliyane geguritan ana puisi jawa liyane kang arupa parikan lan singir. Parikan  kuwi puisi jawa kang memper lan duwe ciri-ciri kaya pantun. Dene singir utawa syair (bahasa Indonesia) ya nduweni ciri-ciri padha karo syair ana sajroning kasusastraan Indonesia.
Mula bukane ananing geguritan iki dianggo nyindir / nyemoni kahanan urip bebrayan ana sajroning masyarakat. Saliya  kuwi uga ndhuweni unsur ndidik / mulang wuruk bab-bab tertemtu. Ananging suwene-suwe geguritan iki nduweni teges puisi bebas. Bebas saka iketaning tembang lan bebas nyritakake apa wae.

B. Unsur-Unsur Batin Geguritan
Unsur-unsur kang kinandhut ana sajroning geguritan diarani  unsur batin. Ing ngisor iki bab-bab kang kalebu  unsur batin  geguritan.
  • Tema, tegese punjeraning bab kang ndadekake geguritan kuwi dumadi. Utawa gagasan pokok kang dikarepake panulis/penyair.
Tuladha tema: sosial, moral, politik, agama, individu, lan sapiturute.
  • Rasa-Pangrasa
Tembung-tembung kang dianggo ana sajroning geguritan nduweni teges lan nduweni fungsi kanggo manjilmakake rasa-pangrasa. Rasa-pangrasa kuwi nduwe sipat rowa lan kompleks. Sing kalebu rasa-pangrasa kayadene: simpati, empati, antipati sedhih, susah, seneng, kangen, gumun, lan sapiturute.
  • Nada/lagu
Tegese patrap (sikap) sing digunakake ana sajroning geguritan. Tuladha: ngguroni, nuturi, ngenyek, muji, nyemoni, utawa patrap liyane.
  • Suasana
Tegese kahanane batin/jiwa pamaos sawise maca geguritan. Dadi, geguritan nduweni tujuan kanggo mbangun suasana batin pamaos geguritan.
  • Amanat kang dumunung ana geguritan
Tegese bab kang pengen diwedharake penyair/panulis marang pamaos. Amanat kuwi ora tinulis kanthi terang trawaca ananging sinandhi ana pangrakiting tembung-tembung.

C.  Struktur Lahir Geguritan
Kang sinebut struktur lahir geguritan kuwi kahanan bab apa wae kang bisa dideleng utawa digoleki ana ing tembung-tembung kang rinakit ana sajroning geguritan. Ing ngisor iki bab-bab kang kalebu struktur lahir geguritan.
  • Pinilihing tembung
Pinilihing tembung uga diarani diksi. Tembung-tembung kang ana sajroning geguritan biasane nduweni teges konotatif, asipat polisemi, lan nduweni teges rowa (abstrak). Pinilihing tembung kang trep bisa ngasilake imajinasi kang manjila.
  • Majas
Majas utawa gaya bahasa dening Prof. Teguh (dosen UNES) diarani lelewaning basa. Majas utawa lelewaning basa iiki kanggo nambahi grengsenge geguritan.
  • Rima
Rima utawa sajak utawa persamaan bunyi kanggo nyiptakake kaendahan lan kekuatan sawijining geguritan.
  • tipografi
tipografi  kuwi larik-larik utawa gatraning geguritan kang tinulis mawa pada utawa bait. Bab kuwi kang mbedakake antaraning geguritan lan gancaran.

Tuladhanipun:

  
Suarane Erawati
Nglimpruking Bagaskara ndadekake petenging dina
Manuk-manuk ireng kang sumebar
Ana ing langit gawe gilane ati
Rak suwe maneh suarane erawati nggeterake ati
Dag... Dig... Dug... Dhuwerrr..!!!
Dadi tandha yen tirta sampun siap mertamu ing jagad
Tik tik tik ...krotok krotok ....bres....
Lha kuwi tamune wis gumrojog
Nelesi apa-apa kang ana ing jagad kanthi rata
Suarane Erawati...Ngundang tirta...






Ati ketancepan ri kemarung
Gusti ....
Aku wis ora duwe apa-apa
Rasa seneng , apa maneh tentrem ,
Wis kebak disuwun marang sing kuwasa,
Ati sing bakal dak gondeli,
Tumancep ri kemarung,
Adhuh bingung, ora ana wong nulung,

Kahanan iki ....
Nyendhal mayang,krungkep ilang otot bebayuku,
kadya gombal,nglumpruk kasiram banyu,
Iki raga,tanpa rasa,
Iki raga,tanpa daya,
Iki ragaragangan garing,
Semplah,kasempyok prahara gung,
Tumangsang ing awang -awang,
Tanpa gondhelan.
Wis...wis,...pancen nyata,
Wuda laire uga wuda batine,
Banjur sapa sing gelem mangerti,
Mung Gusti dadi gegonhelane ati ,







Dwija
Dwija...
Iku sing dadi asmamu
Pinayungan ing sawijining limbaran
Matur pinutur kang luhur

Dwija...
Alus ngendikane
Luhur budine
Becik tumindake

Dwija...
Ing ngarsa sung tuladha
Ing madya mangun karsa
Tut Wuri Handayani




Tidak ada komentar:

Posting Komentar