1. Pangertosan Unggah-Ungguh Basa
Unggah-ungguh basa menika pranatan
basa miturut lenggahing tata krama utawi sopan santun. Tegesipun sinten kemawon
tiyang ingkang kawastanan mangertos unggah-ungguh basa, menawi nalikanipun
gineman utawi srawung dhateng tiyang sanes basanipun kedah dipun arah-arah,
netepi pranataning subasita, paugeran sopan santun, satemah tiyang wau tansah
dipuntampi, dipunremeni ing pasrawungan sarta tebih saking panyendu.
Tiyang ingkang mangertos ing
unggah-ungguh saged mapanaken dhiri-pribadhinipun saleres-leresipun sarta
tansah caos kurmat dhateng tiyang sanes.
2. Bab-Bab Ingkang Gayut Kaliyan Unggah-Ungguh
Basa
Tiyang ingkang saged tansah caos
kurmat dhateng tiyang sanes, sarta mapanaken dhiri-pribadhinipun, pramila
salebeting gineman utawi sesambetan kaliyan tiyang sanes kedah tansah ngengeti:
- Umur/yuswa
Lare alit kedah asung kurmat dhateng
ingkang langkung ageng, ingkang enem kurmat dhateng ingkang sepuh.
- Peprenahan
Peprenahan ing
pasedherekan/trah/awu. Ingkang akleres enem kedah ngurmati ingkang kaleres
sepuh, sinaosa ing bab yuswa langkung sepuh. Anak kurmat dhateng bapak/simbok,
adhi kurmat dhateng kakang/mbakyu, anak keponakan kurmat dhateng pak lik/pak
dhe lsp.
- Drajat/Pangkat
Kalenggahan (kedudukan) tiyang
menawi drajat/pangkatipun andhap kedah caos kurmat dhateng ingkang
kalenggahanipun inggil. Upami pedamel kaliyan panginggilipun, rakyat kaliyan
lurahipun, warganing pakempalan kurmat dhumateng sesepuhipun, lsp.
- Kasugihan
Tiyang ingkang gadhah arta-bandha
kathah utawi sugih wajib dipunkurmati dening tiyang ingkang mlarat. Tiyang
ingkang pasitenipun wiyar, mesthinipun ugi dipun kurmati dening tiyang ingkang
sitinipun ciyut. Senaosa kasebat ing nginggil boten lepat saking watak sarta
bebudenipun tiyang ingkang sugih wau. Jer sedaya wau wangsul kaliyan
ungel-ungelan ajining dhiri saka lathi, ajining sarira saka busana.
- Luhuring Bebuden
Tiyang ingkang gadhah bebuden luhur
langkung inggil mesthinipun langkung kinurmatan tinimbang ingkang boten. Upami:
pimpinan agama (ulama); gadhah titel (Dr., Drs.lsp); ahli seni (seniman); ahli
budaya (budayawan), lsp.
- Keturunan
Anak turunipun tiyang ingkang gadhah
kaluhuran kados kasebat ing nomer 5, badhe langkung dipunkurmati katimbang anak
turunanipun tiyang umumipun.
- Pitepangan Enggal
Tiyang srawung menika menawi sampun
kulina ketimbang ingkang saweg tepang enggal mesthi raos kurmatipun beda.
Langkung kurmat dhateng ingkang saweg pitepangan enggal. Pramila panganggenipun
unggah-ungguh langkung dipungatosaken.
3. Wujuding Undha-Usuk Basa
Unggah-ungguh basa, wujudipun
undha-usuk basa inggih menika:
Basa ngoko (dhapukanipun tembung
ngoko sadaya) Tembung-tembung ing ukara basa ngoko lugu kuwi kabeh ngoko
kayata: aku, kowe: ater-ater: dak-, kok-, di-; uga panambang : -ku, -mu, -ake,
ora diowahi. Gunane basa ngoko lugu:
- Basa ngoko alus (dhapukanipun tembung ngoko kacampur krama/krama inggil)
- Basa krama (dhapukanipun tembung krama )
- Basa krama alus (dhapukanipun tembung krama kacampur krama inggil)
4. Trap-Trapanipun Basa
- Trap-trapanipun basa ngoko:
a) Kangge tiyang sepuh dhateng
putranipun/tiyang enem;
b) Kangge sesami kanca ingkang sampun
rumaket pasrawunganipun;
c) Pangageng dhateng reh-rehanipun;
d) Guru dhateng siswanipun.
e) dianggo wektu ngunandika (ngomong
karo awake dhewe)
- Trap-trapanipun basa ngoko alus
a) Tiyang sepuh dhateng tiyang enem,
ingkang langkung enen langkung inggil pangkatipun.
b) Kangge ngraosi tiyang sanes ingkang statusipun
langkung inggil
c) Tiyang ingkang rumaket srawungipun,
ananging sami dene kepingin ngajeni.
- Trap-trapanipun basa krama
a) Tiyang gineman ing peken
b) Tiyang sami pinanggih ing margi
- Trap-trapanipun basa krama alus
a) Anak dhateng tiyang sepuh, utawi
tiyang ingkang langkung sepuh;
b) Siswa dhateng guru
c) Pitepangan enggal;
d) Punggawa utawi reh-rehan dhateng
penginggilipun;
e) Anggota pakempalan dhateng
ketuanipun.
Tuladha 1 pacelathon kang nganggo basa ngoko lan krama alus:
B.
Bapak
A. Anak
B : Lho, kowe Di. Wayah apa tekamu? Rak ya padha
slamet?
A : Pangestunipun Bapak. Wilujeng . kalawau enjing jam 9, anggen kula
dumugi ing ngriki.
B : Bocah-bocah rak iya ora ana apa-apa, ta? Lha njur sida kepriye,
anakmu si Gillang kae kokkon nerusake nyang ngendi?
A : Menawi lare-lare sami sehat, ketingalipun inggih sami gumbira,
dene bab Gillang, mila menika badhe nyuwun rembag. Kajengipun lare badhe sinau
dhateng SMA N1 Pati. Kula radi kawratan.
B : Wah, ya kudu enggal kokputus bab iku. Aja kook
sesuwe dene yen kowe njaluk rembugkuu mangkene. Wong tuwa iku iya aja
banget-banget enggone nyampuri pepingenane bocah. Yen wong tuwa wus nerangake
kanthi gambling siji-sijine, lan iya pikolehe tumrap awake dhewe utawa
masyarakat wus cukup. Bocahe milih endi, wong tuwa nimbang-nimbang maneh.
Kaya-kaya yen Gillang milih sekolah kuwi, sakka rasaku yaw us pas. Aku
ora kabotan, dene kowe ora lila iku, rak bab dhuwit sing kudu bokbayarake akeh
banget, ta?
A : Wah, nggih mboten ngaten kok, Pak. Sampun sapunika
kula ndherek pamanggihipun Bapak.
Tuladha 2 pacelathon kang nganggo basa ngoko: Bocah marang bocah
A : Mas Nugraha, aku mbokdiwarahi
garapan matematika dhek wingi kae, yen ora, mengko akubisa didukani Pak guru.
Dhasar wingi aku ora mlebu, ora pamit sisan!
B : Lha, ya gene ta, kok ora
mlebu? Enya iki lho, turunen wae. Mumpung isih esuk mengkoo mundhak selak
mlebu. Ning aja nganti kumel lo, ya! Aku arp ngresiki blabag lan nyaponi kelas.
Tuladha 3 pawongan ngunandika:
“E, aku tak turu sedhela. Awakku kesele kok ora
kira-kira.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar