3. PARAGRAF
Nggawe sawijining paragraf kalebu ana sajroning ketrampilan nulis. Ketrampilan
iki ora saben wong nduwe. Muula gladhen nulis paragraph diperlokake banget.
Ketrampilan nyusun ukara siji lan sijine saingga nduweni teges kang gumathok
ora teka ngono wae. Ananging kabeh kudu disinaoni, tanpa digladhi lan disinau
mesthi wae ketrampilan nulis ora bakal kaconggah. Mula saka kuwi,,
gladhen kang ora kendhat nggawe paragraf iki bisa nggladhi ketrampilan
nguwasani nulis paragraf.
Sawijining
paragraf biasane kedadeyan saka loro utawa luwih ukara. Ukara –ukara ana
sajroning paragraf kudune sambung-sinambung antaraning ukara siji lan sijine.
Ukara-ukara sing dumadi nyengkuyung sawijining tema / topik.
Tema / topik
panggonane ana sajroning ukara pokok Dene ukara-ukara liyane nduweni sifat
njelasake/mbeberake ukara pokok. Ukara sing ngandhut gagasan pokok dijenengake
ukara pokok, dene ukara sing ngemot gagasan panjelas diarani ukara
panjelas.
Wujuding paragraf ditilik saka
panggonane ukara pokok ana papat yaiku :
1. Paragraf Deduktif
Paragraf sing
ukara pokoke ana ngarepan diarani paragraf deduktif. Paragraf jinis iki paling
gampang digawe.
Tuladha :
Kasus
lolose Gayus Tambunan njalari jagading negara hukum, dadi horeg kena ketaman
lindhu. Tumrap kalangan kepolisian , muncule kedadeyan mau rinasa mujudake
”samplukan” kang nglarakake ati lan nyuremake rai. Gayus Tambunan dhewe,
sabubare nyatakake rasa getune ing sajroning sidhang, kanthi cekak aos ngakoni,
untuk tidak memperpanjang polemik, yang ada di Bali itu betul saya.”
Kasus kasebut bisa gawe bureme citra hukum Indonesia, lan saya nuwuhake kesan
ora enak, kaya-kaya Indonesia bisa keblegong ing penganggep: negara hukum kang
dihukum.
Jaya Baya, 13 Minggu IV
November 2010
Ukara pokok
paragraf ing ndhuwur, Kasus lolose Gayus Tambunan njalari jagading negara
hukum, dadi horeg kena ketaman lindhu. Dene ukara candhake arupa
ukara panjelas. Ukara-ukara panjelas kuwi nyengkuyung ukara pokok.
2. Paragraf Induktif
Paragraf
jinis iki walikane paragraf deduktif. Ukara pokoke ana ing pungkasaning
paragraf. Ukarane diwiwite saka bab-bab sing asipat miligi tumuju bab kang
asipat rowa/umum utawa klimaks, yaiku generalisasi. Nggawe paragraf jinis iki
rada kangelan, nanging cocok tur mathuk kanggo nulis prosa argumentasi. Salah
sijining ciri paragraf induktif ana tembung-tembung tertemtu sing awujud
dudutan. Tuladha: dadi, mula saka kuwi.
Tuladha :
Sawetara
wektu kepungkur iya ana lakon kang akeh irip-empere karo kedadeyan ing ndhuwur.
Malah ana kang nganggep luwih ngisin-isini! Yaiku, ana sel ing rutan khusus
wanita, kang dening kang ngenggoni disulap dadi … panggung karaoke. Bisa
kadadeyan kaya mangkono klawan aman-aman ing satengahing rutan kang jinaga
kuwat lan rapet! Sebabe apa ora jalaran … dhuwit? Isih ana bae oknum petugas
kang doyan dhuwit! Isih ana pager mangan tanduran, ngono paribasana!
Jaya Baya, 13 Minggu IV
November 2010
Ukara pokok
paragraf ing ndhuwur yaiku Isih ana pager mangan tanduran, ngono
paribasana!
3. Paragraf repetitif
Paragraf sing
ukara pokoke ana ngarep dalah ana pungkasaning paragraf diarani paragraf
repetitif. Ukara pokoke ana ing ngarep banjur dibaleni ana ing mburi minangka
dudutan/kasimpulan. Gagasan pokok diwujudake ana rong ukara, sing kalorone
ukara mau meh memper, ananging ora padha persis. Paragraf jinis iki ana sing
ngarani paragraf deduktif-induktif.
Tuladha:
Dudutaning
pangerti saka crita ing ngarep, samestine yen ing lapas utawa rutan, dianani
aturan keras –ing bab wayah tangi, wayah turu, wayah ados, lan ransom, sarta
mangane pisan. Kabeh pesakitan ing rutan utawa lapas kudu disiplin , anut
aturan, adil ing pandum murih nuwuhake kesan saya kuwat: tumindak adil tumrap
kabeh pesakitan,, gak perduli kang sugih, utawa kang uripe kkekurangan ing
sanjabaning pakunjaran. Lan kang luwih wigati maneh, kanggo nguwatake unsure
kapok mbaleni tumindak korupsi lan sabangsane. Mula pranatan kang keras mau
kudu diterapake kanthi samesthine.
Jaya Baya, 13
Minggu IV November 2010
4. Paragraf Deskriptif
Ukara pokok
paragraf deskriptif ditemokake ana sakabehing perangan paragraf. Dadi, saben
ukara sing nyengkuyung dumadine paragraf diarani ukara pokok. Sakabehing ukara
sing ana nduweni kawigaten kang padha, kanthi bebarengan nyawiji dadi siji
paragraf kang gemolong.
Paragraf
deskriptif akeh banget dianggo ana sajroning prosa narasi. Mula saka
kuwi, paragraf deskriptif uga diarani paragraf naratif. Tuladhane paragraf
deskripti kayadene cerkak, novel lan sapiturute.
Tuladha :
Pandhu
ngungun. Mentale rubuh. Dheleg-dheleg ana ngomah. Ora wani metu. Ora wani nyang
kantor desa. Semono uga Marsiti. Dheweke rumangsa isin, wirang. Sing tumindhak
luput. Pandhu, kang nampa akibate wongng saomah. Nastiti malah nganti emoh
sekolah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar