4. SEJARAH AKSARA JAWA
Ing buku
HA NA CA RA KA ( Bapak Slamet Riyadi ) sing
diterbitake dening Yayasan Pustaka Nusantara Yogyakarta diandharake menawa
ngrembug sejarahe aksara jawa anyar kang uga diarani Sastra Sarimbagan utawa
Carakan iku ora bisa dipisahake karo bab kelairan lan pandhapuke aksara
kasebut. Ana konsepsi cacah loro kanggo nlusuri kelairane aksara jawa yaiku
konsepsi tradisional lan konsepsi secara ilmiah.
Adhedasar konsepsi secara
tradisional laire aksara Jawa digathukake karo Legenda Aji Saka, crita
turun-temurun awujud tutur tinular bab padudon lan kperang tandhinge Doro lan
Sembada jalaran rebutan keris pusakane Aji Saka sing kudune tansah padha
direksa bebarengan ing pulo Majethi. Wusana Dora lan Sembada mati sampyuh ngeres-eresi.
Minangka pangeling-eling Aji Saka banjur ngripta aksara Jawa legeng cacah rong
puluh wiwit saka (ha) nganti (nga).
HURUF JAWA
AKSARA JAWA PASANGAN
Wasana padha dadi bathang
HURUF JAWA
AKSARA JAWA PASANGAN
Wasana padha dadi bathang
Iku mau konsepsi secara tradisional
bab kelairan lan panyusune aksara Jawa anyar. Pancen abjad aksara Jawa sing 20
cacahe lan disusun dadi patang larik iku, mujudake guritan sing gampang
diapalake lan dieling-eling mligine tumrap sing lagi wiwit sinau maca lan nulis
aksara Jawa.
Dene miturut konsepsi secara
alamiah, ana limang periode aksara Jawa (Studi Paleografi dening
Casparis). Periode kapisan (Aksara Pallawa) dening Bapak Atmodjo diperang
maneh dadi loro. Kanthi mangkono kabeh ana nem periode, yaiku:
- Aksara Pallawa tataran wiwitan, digunakake sadurunge taun 700 Masehi. Contone tinemu ing Prasasti Tugu ingBogor.
- Aksara Pallawa tataran pungkasan, digunakake abad VII lan tengahan abad VIII. Tinemu ing Prasasti Canggal ing Kedu, Magelang.
- Aksara Jawa Kuna kawitan, digunakake taun 750 – 925 Masehi, contone tinemu ing Prasasti Polengan ing Kalasan, Yogyakarta.
- Aksara Jawa Kuna tataran pungkasan, digunakake taun 925 – 1250 Masehi, tinemu ing Prasasti Airlangga.
- Aksara Majapahit, digunakake ing taun 1250 – 1450 Masehi. Tinemu ing Prasasti Singosari lan Malang sarta ing lontar Kunjarakarna.
- Aksara Jawa Anyar, digunakake taun 1500 Masehi nganti saiki. Tinemu ing Kitab Bonang lan buku-buku sabubare iku.
Miturut Dr. Purwadi, M.Hum ing
buku Asal Mula Tanah Jawa, nulis yen ana dedongengan liya ngenani
aksara Jawa iki, yaiku asale saka Dewa Panyarikan kang memba sawijing brahmana,
aran Brahmana Srita. Tumurun saka kahyangan menyang tanah Hindustan kang
sabanjure tumuju Tanah Jawa. Tindake menyang Tanah Jawa kekanthen dening
brahmana cacah wolu. Ing Jawa para brahmana mau mulangake tulisan jawa.
Othak-athik mathuk pancen gaweyane wong
Jawa. Klebu werdine aksara Jawa kang rinonce kaya iki :
Ha (H) urip, Na (Nur), Ca (Cahya),
Ra (roh / rasa), Ka (kumpul), Da (dadi), Ta (tetes), Sa (sawiji), Wa (wadon),
La (lanang), Pa (pati), Dha (dhadhal), Ja (jiwa raga), Ya (ya Allah), Nya
(nyata), Ma (amnungsa), Ba (gilir gumanti), Ba (bakal), Tha (thukul), Nga
(ngalam donya).
Yen tembung-tembung ing ndhuwur iku
dironce, aksara jawa cacah 20 iku nduweni uni / teges:
“ Urip (asal saka) nur cahya (lan)
roh (kang) kumpul dadi tetes sawiji (nuwuhi) wadon (lan) lanang, (samangsa
tumekeng) pati, (bakal) dhadhal jiwa ragane, ya Allah, nyata manungsa gilir
gumanthi bakal thukul (ing) ngalam donya”
Jaya Baya Edisi 40 lan 42
Tidak ada komentar:
Posting Komentar